Minggu, 12 Maret 2017

Banyu Langit - Didi Kempot

Sworo angin, angin sing ngreridu ati
Ngelingake sliramu sing tak tresnani
Pingin nangis ngetokke eluh neng pipi
Suwe ra weruh senajan mung ono ngimpi


Ngalemo, ngalem neng dodoku
Tambanono roso kangen neng atiku
Ngalemo, ngalemo neng aku
Ben ra adem kesiram udaning dalu

 

Banyu langit sing ono nduwur kayangan
Watu gedhe kalingan mendunge udan
Telesono atine wong sing kasmaran
Setyo janji seprene tansah kelingan

 

Ademe gunung merapi purbo
Melu krungu swaramu ngomongke lopo
Ademe gunung merapi purba
Sing neng langgran Wonosari Yogyakarta

 

Janjine lungane ra nganti suwe suwe
Pamit esuk lungane ra nganti sore
Janjine lungo ra nganti semene suwene
Nganti kapan tak enteni sak tekane


Lokasi : Pantai Plengkung (G-Land) Banyuwangi - Jawa Timur




















Udan gerimis telesono klambi iki
Jroning dodo ben ra garing ngekep janji
Ora lamis gedhine nggonku nresnani
Nganti kapan aku ora biso bali

Ademe gunung merapi purbo
Melu krungu suaramu ngomongke lopo
Ademe gunung merapi purbo
Sing neng langgran Wonosari Yogjokarto

Janjine lungane ra nganti suwe suwe
Pamit esuk lungane ra nganti sore
Janjine lungo ra nganti seprene suwene

Nganti kapan tak enteni sak tekane

link lagu mp.3 ne DOWNLOAD NOW 


Tidak ada komentar: